Rabu, 22 Mei 2019

Crita cekak tema lolos SBMPTN

Tema : Lolos SBMPTN

Sumringahe Ati Tan Bisa Diukur
Dening : Ina Krismiati

Ebun netes kanti alon lan endah. Srengenge ngintip-intip isin ngetokake sorote. Esuk kang endah, nanging rasaku katon ora kepenak. Kamangka kahanan omah lan sekitar katon biasa. Ibuk lan bapakku uga biasa wae ing dina iku. Dheweke ngelakokake pakaryan kaya dene biasane. Lakuning jam saya cepet lan ora nduweni rasa wedi babar blas.
Jam pitu esuk aku tangi. Awakku seger lan pikiranku tentrem, nyawang kahanan kang endah ing wayah esuk. Gegerku tak uletne nganti muni mak krutuk. Pikiranku anyak rada ora kepenak, amarga aku kelingan kepie kasile ujian wingi. Kanthi mangkono, nanging aku tetep percaya yen kasilku ujian oleh biji kang apik. Ing esuk iku aku ora langsung adus amarga dina iku aku prei. Sanadyan ora dina minggu, nanging aku wis anyak prei amarga wis rampung anggonku Ujian Nasional lan Ujian Sekolah. Atiku rasane seneng, lega, nanging uga wedi.
Ujian Nasional lan Ujian Sekolah wis rampung. Ora suwe bubar iku aku genti ujian SBMPTN yaiku singkatan saka Seleksi Bersama Masuk Perguruan Tinggi Negeri. Ujian dilaksanakake ing kampus PGSD UNS kang panggone ing Kleco, Sala. Ing wektu kui aku mangkat bareng kanca raketku, jenenge Aneng lan Indah.
Ora nganti setengah jam wis teka panggonan ujian. Wektune wis mepet banget.
Ina : “Ayo gage mlebu kelas! selak raetuk mlebu lho”
Aneng lan Indah : “Iya, ayo cah cepet!”
 Banjur aku lan sakkanca langsung mlebu kelas dhewe-dhewe. Aku lan Aneng beja bisa sakkelas anggone ujian, dene Indah kelase beda. Dheweke mencar dewe ing jejer kelasku. Awakedhewe cah telu kepengin banget bisa klebu ing UNS. Saben dina sinau lan dedonga supayane bisa klebu ing pakuliyahan kasebut. Amung pasrah marang kersaning Gusti. Ujian iki tak lakoni kanthi temenan. Aku garap soal kanthi tliti lan alon-alon. Ora nirun sapa-sapa. Aneng uga mangkono, dheweke nggarap kanthi temenan lan sebisane.
Ujian SBMPTN wis kelakon kanthi lancar.
Indah : (metu saka kelas) “hee pie cah, iso kabeh ora garap soale?”
Ina : “Alhamdulillah sukses, nanging enek soal geografi sing aku ora bisa jawab, akhire tak kosongi daripada salah minus siji, haha”
Aneng : “Aku iya enek sing tak kosongi, ora mung siji malahan”
Ina : “Yawis rapopo, muga-muga wae lolos lan ketampa ing UNS”
Aneng, Ina lan Indah : “Aamiin ya Allah”

Ujian SBMPTN wis kelakon kanti lancar lan sukses rong sasi kepungkur. Aku lega nanging uga kuwatir marang kasile kabeh ujian kang kalakon wingi. Dedonga samsaya tak sregepi. Dina iki yaiku dina sing paling tak wedeni. Amarga apa? Amarga aku wedi yen aku ora lolos SBMPTN. Aku wis tau kuciwa amarga ora lolos ing SNMPTN. Esuk iki aku neng ngomah mung karo bapak. Ibuk rewang ing tangga desa sing ameh nduwe gawe, dene kakangku isih kuliah ing Semarang. Aku lan bapakku ngombe kopi sinambi nunggu pengumuman kasil SBMPTN ing ruang tamu.
Bapak : “Ora usah wedi ndhuk, yakin lan percaya muga-muga lolos lan ketampa ing UNS”
Aku : “Inggih pak, aamiin”
Pangandhikane bapakku iku mau sing marai aku yakin. Bakale aku lolos SBMPTN tahun iki lan ketampa ing UNS. Kanca-kanca sakangkatanku wis padha rame neng grub bbm kelas. Ngomongake bab kang werna-werna, ana sing entuk kabar angin, ana sing ora wani bukak pengumumane mengko, ana sing sombong yen bakale lolos, ana sing macak ora gagas, lsp.
Sakjam, rong jam aku wis bisa nglalekake kepie kasile pengumuman mengko. Bapakku crita bab kang gawe atiku ayem lan seneng. Saiki wis jam sewelas awan, aku bisa nyempetake turu dhisik supaya aku ora katon kuwatir banget. Sanadyan wis ngantuk banget, nanging turuku ora bisa angler. Malik ngiwa, malik nengen, mengkurep, mlumahake awak golek posisi sing kepenak. Akhire aku bisa turu sakjam. Ngerti-ngerti wis jam siji, aku banjur tangi lan salat dhuhur. Metu saka kamar bapakku ngendhika,
Bapak : “Ndhuk, mengko ojo bobok meneh, ngewangi ibuk kae masak!”
Aku : “Inggih pak”
Rampung salat aku langsung ngewangi ibuk masak neng pawon. Ati samsaya dheg-dhegan lan ora karuan, amarga pengumuman kurang sedela meneh diumumake. Sanadyan prodi sing tak jupuk ora sing tingkatane dhuwur, nanging aku tetep wae kuwatir. Ujian SBMPTN iki fakultas sing tak jupuk yaiku FKIP ing UNS kabeh. Sing nomer siji FKIP prodi bahasa indonesia, terus FKIP prodi geografi lan sing pungkasan FKIP prodi Bahasa jawa. Ngelingi jaman ndisik kakangku ndhaftar perguruan tinggi ubet mrono-mrene. Saiki aku lagi bisa ngerasakake, kepie rasane nalika golek persyaratan, rasane tes, uga rasane nunggu pengumuman. Ora ketampa siji nyoba sijine meneh. Pitutur saka ngendi wae tak saring supaya pengalamanku samsaya akeh. Perjuanganku lan kakangku kabeh iki urung sepira karo perjuangane bapak lan ibuk. Mula saka iku aku kudu bisa gawe ibuk lan bapak bombong karo aku, supaya aku uga bisa males kabecikane wongtuaku sanadyan mung secuil.
Rampung ngewangi ibuk masak, aku banjur bali neng kamar. Sedela meneh pengumuman dibukak. Kakangku sing wis kerja neng adoh menehi aku pitutur kang becik. Dheweke kepengin adhine dadi wong sing sukses, sing migunani marang bangsa, negara lan agama, sing ngabekti marang wongtua, sing terus nindakake kabecikan supaya slamet ing ndonya lan akhirat. Kakangku iku salah sawijing idolaku. Sanadyan dina iki sing nampa pengumuman aku, nanging kakangku sing neng adoh kono uga melu mbukak pengumuman. Dheweke pengen ndang reti kepie kasil SBMPTN-e adhine.
Gambar dhetikan ing pengumuman online tak sawang dhetik mbaka dhetik, nganti mripatku pedhes. Ing wayah awan rada sore iki hawane adem amarga udan, nanging aku kepanasen dhewe. Kringet adhem panasku metu, campur ati sing dheg-dhegane ngluwihi nalika ketemu wong kang ditresnani. Aku ndhepipis ing kamar. Bapakku ing ruang tamu jagongan karo ibukku. Kari telung menit pengumuman wis bisa dibukak. Aku nyoba tenang nanging tetep ora bisa.
Pengumuman SBMPTN wis bisa dibuka. Aku bukak pengumuman lewat smartphone. Saking akehe sing bukak servere dadi ora lancar utawa lemot. Tak baleni terus nganti aku kesel. Nalika aku bukak bbm, kancaku enek sing wis gawe status “alhamdulillah lolos”, banjur langsung tak chat sing isine njaluk tulung kon bukakake pengumumanku. Ora suwe kancaku banjur bales, dheweke jaluk passwordku lan langsung tak wenehi. Atiku samsaya ora karuan antarane wedi lan seneng.
     Limang menit kapungkur, bbmku muni makklunting. Aku langsung buka chat kanthi cepet. Ora ngira ora nyana aku lolos SBMPTN ing prodi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret. Senenge ati tan bisa diukur. Seneng banget, kaya wis ora enek beban. Aku banjur mlayu metu saka kamar.
Aku : “Bapak, aku lolos SBMPTN pak”
Bapak : (Kaget, banjur mesem sumringah) “alhamdulillah…”
Aku : “Aku ketampa ing UNS pak, prodine Pendidikan Bahasa Jawa” (karo ngeplaki pundhake bapakku)
Ibuk : “Enek apa to kok rame-rame?”
Bapak : “Iki lo anakmu”
Ibuk : “Ngapa to ndhuk”
Aku : “Buk, aku ketampa ing UNS buk”
Ibuk : (Ngerangkul aku) Alhamdulillah ndhuk, kepengenanmu bisa kelakon ngger”
Aku : “Inggih buk, Alhamdulillah”
     Syukur Alhamdulillah marang kersaning Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Aku diwenehi kasempatan golek ngelmu ing Universitas sing tak impenke. Kahanan sing kaya iku mau lagi tak temokake saksuwene aku urip ing ndonya iki. Senenge wis ora bisa diukur. Ing dina sesuke ibukku banjur ngenekake syukuran kanggo aku sing wis ketampa ing prodi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret Surakarta. Alhamdulillah.

TAMAT